Puisi Basa Jawa karo Jeneng Dewe



im-watching-you.jpgPELAUTILMU

Dening:Alditya Atma Kriswijayanto

Ademing bayu wus dak rasa
Lintang sumebar ing sepining akasa
Dalan dumadi tansah dakadhepi
Iki lumaku bebareng dedungo
Tekading amung makarya
Yuswa ginawa jroning raga
Aweh rejeki saka Gusti
          Anggenthong umos
Kuncung temekaning gelung
Rawuhe aku saka kembara
Inten musna banyu netra
Sansaya ora dak rasa
Wiwit kuncung nganti gelung
Ingsun tansaya animba ilmu
Janji gung kudu daktepati
Anggonku wurung bali
Ya dungo kang dak suwun
Aduh bapa lan biyung
Nyambut gawe kanthi aku bingung
Tak taber layarku
Ora rampung tanpa wulu

                                       Kamar kosan,wayah surup ,18-09-2015

Comments

Popular posts from this blog

Teks Drama Basa Jawa Lucu Kocak "Kembang Desa saka Kutha"

Proposal PRAKERIN TKJ Bahasa Inggris