Teks Drama Basa Jawa Lucu Kocak "Kembang Desa saka Kutha"





            Desa kang sadurunge sepi-sepi kemawon dadi ruwet amarga ana Heni ,ponakane lik Wakija. Heni ana desa kunu kayata Karon Kaya Cempaka Sawakul, Saben dina dadi omongane warga-warga desa, ana sing seneng ana sing sirik nganti gawe rerebutan wong enom-enom ana desa kunu. Kaya biasane yen malem minggu wong enom-enom padha jangongan ana omahe Agus karo gitaran banjur sing diomongake mung Heni.
BABAG I
Ana aku(Agus),Tono,Gito,Sardi padha jejagongan karo nyanyi-nyanyi bareng-bareng ana latar ngarep omah sore-sore suasanane mendung kemawon.
Aku      :Ton, piye ya? (senden cagak latar teras omah karo jigang lan ngenjreng-                ngenjeng gitare)
Tono    :piye apane tho mas?
Aku      :iki lho kuncine lagu "Lungset" aku ora iso wurukana talah, rene a..
Tono    :rupamu wes lungset kok malah nyanyi Lungset Gus...Gus... hahaha (guyoni                      kangmas'e banjur ngenteni gitaran) kene nyoba..
            :(jreng... jreng.....) dekk.... kapannn kowe bali...  (nyanyi lagune Didi kempot)
Gito     :Ton, iku lagu ne pakde Kempot guduk Lungset hahaha..(guyu karo mangan                      salak)
Tono    :lha iya,tukimen e nglarmun ngenteni Heni iku lho.. hahaha..(nyindir Sardi sing                    senden cagak, nglamun ngwasno mendung)
Sardi    :uuaduuhhh........ si mbokne Heni!!!!(bengok seru,tibo kaget amarga disawat                       isine salak)
Aku      :lohh.. hahahahahaha.... (guyu sardi sing tibo banjur takon) sapa rek                                    "HENI",saben aku simpangan karo wong-wong kok sing direbugake gur                                   heni..henii..heni..
Sardi    :ayu tenan Gus ponakane lik Wakija gus, jan ngedap ngedapi tenan ayune!!!
Gito     :(nambahi omongane sardi)Aduh Gus, Rangking'e wis adoh dhuwure mita lan                    sari.ngandhan-andhan rambute, Pait madu eseme, mbangir irunge, ngulit langsep pakulitane,nawon kemit bangkekane, sumunar cahyane… ohhh… Heni…. (mara-mara puitis omongane Gito karo mbayangake rupane Heni)
Agus    :nguler keket brengosmu Heni….. (nyambung puisine Gito)
Gito     :Heni kuwi wadon Gus… ngelek-eleki puisiku wae gus
 Tono   :aku mau ya…….. (negesake) pas menyang omahe yu Minah, yu Minah cerita yen Yanto  seneng mangan saiki. Iku ya gara-gara Heni.
Agus    :ngunu ya….., aku kudu konservasi iki
Tono    :hahaha...  konservasi apa nginceng Heni (ngudoni kangmas'e)
mara mara jebul suarane ibune Agus saka njero omah(guss... tukuo lampu ngo teras,selak magrib ndang budhal Gus!!)
Agus    :ngiihhh buk.... lho kan bener omongku, konservasi warung
Gito     :aku melu gus,,, kowe nang warung , aku ngenteni nang omah'e lik Wakija
             Sembari menyelam kan ngombe banyu, gus..ok gus (karo mesem nang agus)
Agus    :ohhh... tidak bisa... Kepiye ora, nek aku ora wani mrana dhewe, aku mesthi                       rame-rame sakancaku dadi aku ora komanan apa-apa. dadi aku mrana dewe !!!                      (langsung mlayu)
Gito-Sardi: ojo!!!!
Gito     :kowe kan wes nduweni Mita dadi Heni duweku(ngojloki Sardi)
Sardi    :apa sih To?!!? (pegel) aku arep’e Heni
Gito&Sardi:Heni duweku!! Heni duweku !! (rebutan karo nututi mlayu nanging wus  ketinggalan adoh karo Agus)
Tekan embong ngarep omahe lik Wakija Agus mandheg amarga weruh wong enom-enom inceng-inceng ana walik'e suket pager.
Agus    :oww,,,,aku punya ide penonton(ngomong nang penonton karo bisik-bisik titik)
            :ula!!!! ulaa!!! ono ula !!! ula!!
wong2 :haaaaa!!! ulaaa???? ndi ndi ula??? ohh my godddd!!!! (wong2 padha wedi ya                               ana sing smaput,rame dhewe-dhewe lan Agus mlayu ceket-ceket nang warung)
Gito&Sardi: (sek tas teko ngarep omah’e lik wakija) lohh ana wong semaput sapa iku To(Sardi takon nang Gito)
Gito     : ora ngerti, apa semaput gara gara ayune Heni???(karo ngepuki pipine  wong semaput)cak…cak… halooo…
Wong   :aku nang ndi iki, ndi Heni?? ndi ula?? Jare mau ana ula???
Sardi    :ulaaa?? Waduhh ayo nututi Agus wae yen ngunu
Wedi yen ana apa-apa Gito lan Sardi mlayu nututi Agus , wong sing mari semaput mau langsung ditinggal lan wong iku mau mung tolah-toleh
BABAG II
Sardi lan Gito akhire nututi Agus nang warung’e mbok Parmi. Mbok Parmi iku ibune Sardi. Ana kono mbok Parmi crita nang Agus yen Sardi yen turu nglindur-nglindur jeneng’e Heni.
Parmi  : tuku apa Gus?
Agus    :tumbas lampu 20 watt mbok,wonten mbok??
Parmi  :ana le… iki  tak coba’ne disik.. nandi Sardi, Gus?? Mau pamite menyang omahmu?  (takone neges)
Agus    :ngihh mbok.. wau ten ngriya kula, niku wau nututi kula ngih an mriki..
Parmi  :aduhhh Gus… Sardi saiki ngluyur ae saben dina,ora ngerti wayah sajak’e ana Heni ,ponakane lik Wakija.. weruh po ra?
Agus    :ngertos mbok… lha niku mbok lampune pun saget.. pinten mbok?(nylimurake mbok Parmi karo ngetokake dhuwit 10 ewu)
Parmi  :sepuluh yuta ae… sek sek…. Ya ngunu Sardi, yen wis kesel, mulih yen turu mesti nglindur…. ngene “makk rabino karo Heni mak’e,,, makkk!!! Heni… my darling I lope yu heni “ ya wis ngunu kuwi saben dina
Agus    :hahahaha….. (guyu seru) lha niku mbok Sardi ne
Parmi  :ndi??? (tolah-toleh ngoleki) Di!!!! Rene mulih magribb!! Wis ndang adus kana ndang shalat!!! (njijris nyeneni Sardi)
Sardi    :siap makkk!!! (mbengok saka adohan)
Agus    :ambumu kecut ndang adus Di!! Mene menyang omahe lik Wakija (nyaut omongane sardi) ngih pun mbok… niki artone pas… matur nuwun…(mlayu mulih)
Gito     :aku ya pamit gus selak deres udane,mene aku melu yen arep marani bidadari gus..
Agus    :sipp,, mene budhal wong papat karo adhiku pisan
Parmi  : Ohh sek sek sek(mbengoki agus, Agus mandek trus mbalik maneh)
Agus    :aku mbok????? kurang tho mbok?
Parmi  :ora ora.. Heni apa arep dilamar karo Heru putune mbah Wagimah etan kali, yo tho Gus? (takone lengkap)
Agus    :lho ngih tha mbok?!? (spontan kaget takon balik) kula mboten ngertos lek niku
Parmi  :ora weruh tho?? Ya wes yen ra weruh..dhuwite wes pas.. (rada sinis jawabe)
Agus    :ngihh pun lek ngaten..
Sajake ibune Sardi iku ora seneng karo Heni, mbok Parmi kepengen njodohake Sardi karo Mita.nanging Sardi ne ora gelem.
Sarampunge teko warung’e mbok Parmi ,Agus mampir menyang omahe lik Wakija arep weruh Heni .
Agus    :assalamualaikum, kula nuwun…. Lik….lik wakija……
Wakija :walaikumsalam,,,, sampean mlebu nak Agus, lunguh lunguh….(ngaturi agus lungguh)
Agus    :ngih lik..
Wakija :saka ngendi gus??
Agus    :niki lik saking tumbas lampu damel teras ngriya..(njawab karo ngangkat kresek sing digawa)
Wakija :ohh… iya gus.. wedhuse?? Saiki tinggal piro gus?
Agus    :sedasa lik, rumatane gangsal… oh ngihh Heni ne sehat lik?
Wakija :sehat gus,, (langsung mbengok nang mburi) Heni gawe a wedhang kopi ana Agus iki lho
Heni     :ngihh…
Agus    :mboten usah repot-repot dik Heni…
Wakija :ora repot kok gus..
Agus    :ngihh lik. Lik?? Napa leres Heni badhe dilamar Heru putune mbah Wagimah ?
Wakija :iya ora gus .. (negesake nang Agus) emange sapa sing ngomong?
Agus    :mboten.. (Heni langsung teko ngawa wedhang kopi)
Wakija :diombe wedhange gus pumpung sek anget
Heni     :ohh mas Agus asmane paklik? nganteng ya ? (karo mesem nang Agus)
Agus    : (agus sing ngombe wedhang langsung keselek) hehehe…. Bisa ae dik Heni iki
            :Heni tinggal ten mriki lami lik?
Wakija :iya gus, ana kutha ora ana sing ngancani dadi tak kongkon mulih menyang omahku iki
Agus    :ohh ngoten…(trus ngwasake latare lik wakija dadak ana Tono inceng-inceng ana walike pager) loh Tono lapo arek iku ana kunu??
Wakija :ana apa gus?
Agus    :sanes lik, niku kucing wonten walike pager anggit kula napa.(ngentekake kopine) Yen ngoten kula tak pamit lik sampun magrib badhe shalat berjamaah ten langgar)
Wakija :lohh kesusu ae Agus iki…. Yowes yen ngono , ati-ati.. salam nang ibuke
Heni     :ati-ati ya mas agus..
Agus    :ngih lik , iya dik Heni. kula mbenjing tem mriki kaleh kanca-kanca kula lik..
Wakija :iya gus, aku ya seneng yen Heni ana kene akeh sing ngancani
Banjur Agus pamitan mulih nanging sadurunge Agus mulih mau, Tono wes mlayu mulih amarga keweruhan kangmase. Agus ya bingung apa sing dilakokake adhime saben dina ana walike pager iku, sing Agus ngerti mung Tono mulih yen adus lan mangan.

BABAG III
Isuk’e Agus nyeluk’i Tono, adhine sing ana ing kamar nanging diceluk’I bola-bali ora ana rupane. Karo Agus langsung dibukak lawang kamar’e tibane pancen ora ana.
Agus    :Ton!!! Tono!!!! Ton… Tono!!!! (buka lawang) nandi isuk-isuk kok wes ora ana?? Ora gelem diajak nyawang dewi Shinta, penonton (karo madep penonton,ngomong nang penonton)
Gito&Sardi: Gus… Agus….. ayo cepetan selak ora komanan apa apa.. (ngomong bareng)
Agus    : Iya, ayo. Aku ngoleki Tono ket mau ora ana. Ana seng weruh ra??
Sardi    : ora pethuk’an blas
Gito     : paling ya ketlisut digondol tikus, ayo ditinggal wae..
Agus    : iku kasut duwe’mu sing mambu To Gito hahaha….. ana ana wae
Akhir’e wong telu iku mau budhal nang omah’e lik Wakija, ana tengah embong kepethuk karo Tono.
Gito     : lha iki adhimu Gus..
Agus    :isuk-isuk ngene wes jebul nandi wae adhiku iki (karo geleng-geleng)
Tono    :ora penting iku mas, mesake  Heni mas, wong-wong desa padha ngomongake Heni yen Heni iku dadi cewek gampangan, luwih luwihe maneh Heni muntah-muntah saben esuk iku tanda-tanda yen ngandut kaya’e
Gito     :kaya’e adhimu lagi nglindur kaya Sardi.. hahaha.. (ngelus-ngelus pundak’e Agus)
Sardi    :ngarang kowe To…. Ayo ceket-ceket meyang omahe lik Wakija
Agus    :aku ora percaya, ayo cepetan ndang mrana
Kabeh padha ceket-ceket mlakune amarga arep mastekake warta iku mung kabar anginapa  kanyatan. Agus tambah khuwatir marang Heni apa maneh wartane sing dirungokake mung sing elek-elek.
BABAG IV
Sak tekone ana ngarep omahe lik Wakija,wong papat iku mau meneng ngrungok akeh suarane Heni muntah-muntah. Agus langsung mlayu nang ngarep lawang omahe lik Wakija.
Agus    : napa’a Heni lik wakija?? Kok muntah-muntah kemawon?(clingak-clinguk ngoleki suarane Heni
Wakija :ora apa-apa Gus.. tenang wae.. lungguh a. wayahe kowe kabeh padha seneng ora usah panik(suarane alus kalem)
Agus    :tenang napa ne lik??? Ponakane panjenengan niki muntah-muntah kok malah tenang (banjur mlaku nang arahe Heni)
Wakija :iya, mau pak mantri mrene ngomong yen Heni ngandut.iki mung gejala-gejala awal-awal
Sardi    :aduhh biyungggg!!!!  Aaasssttaagaa naaagggaaaa!!! (mara-mara semaput lan ndang-ndang ditulungi Gito lan Tono)
Agus    :apa iya dik sampean ngandut? (takon marang Heni)
Heni     :iya mas Agus… aku ngandut (karo mesem madep nang Agus, rada mbungkruk wajahe pucet mari muntah-muntah)
Agus    :sing sabar dik …. (karo ngelus ngelus rambut’e Heni)
Heni     :iya mas (suarane alus nganti kaya ora krungu) sajane aku ora gelemana wong ngerti yen aku iki ngandut mas nanging ya apa maneh mas, iki wes terlanjur….(rada karo nangis)
Wakija :Henitak kongkon mulih ya amarga iki gus ,aku kuwatir yen Heni nglairna dewe ana kutha dadi tak kongkon mulih sadurunge. Ana kene aku ben bisa duwe momongan
Agus    :tapi panjenengan kok mboten crios ten kula lik yen Heni ngandut, crios’e mung sehat sehat kemawon
Wakija :iya aku ora gelem gawe repot marang wong liya gus… dadi aku ora crita nang sapa-sapa nanging wong-wong
Sing sadurunge lik wakija nyimpen prekawis amarga ora gelem ngerepoti wong liya malah keweruhan. Akeh warta angin sing nimpa Heni mula saka dilamar Heru,lansing pungkasan kabeh padha weruh yen Heni,kemenakane lik Wakija iku lagi ngandut.
Singkat crita, Heni ahire rabi karoHeru. Saking tresnane Heru menyang Heni, Heru gelem ngrabi Heni lan gelem nampa anak e Heni kaya anak e dhewe. Heni uga ngono. Heni gelem dirabi Heru amarga wus nandhang kewiranmgan akibat ulahe dhewe. Mula saka kuwi, wirange awak dhewe kuwi muncul saka dheweke dhewe. Saengga yen kekancaan aja nganti ngliwati wates. Amarga, yen ngliwati wates kuwi sing rugi ya awake dhewe.













Comments

Popular posts from this blog

Puisi Basa Jawa karo Jeneng Dewe

Proposal PRAKERIN TKJ Bahasa Inggris