Teks Drama Basa Jawa Lucu Kocak "Kembang Desa saka Kutha"
Desa kang sadurunge sepi-sepi kemawon dadi ruwet amarga ana Heni ,ponakane lik Wakija. Heni ana desa kunu kayata Karon Kaya Cempaka Sawakul, Saben dina dadi omongane warga-warga desa, ana sing seneng ana sing sirik nganti gawe rerebutan wong enom-enom ana desa kunu. Kaya biasane yen malem minggu wong enom-enom padha jangongan ana omahe Agus karo gitaran banjur sing diomongake mung Heni. BABAG I Ana aku(Agus),Tono,Gito,Sardi padha jejagongan karo nyanyi-nyanyi bareng-bareng ana latar ngarep omah sore-sore suasanane mendung kemawon. Aku :Ton, piye ya? (senden cagak latar teras omah karo jigang lan ngenjreng- ngenjeng gitare) Tono :piye apane tho mas? Aku :iki lho kuncine lagu "Lungset" aku ora iso wurukana talah, rene a.. Tono ...